Nama : Yandhika Haribowo
Nim : 1105244033
Kelas : G
Makul
: Jurnalistik Jawa
Papan Wisata ingkang Ngandhut Kabudayan Kenthel Wonten Bali
Ahad, 6 Oktober 2013, sedaya mahasiswa jurusan pendidikan
basa Jawi angkatan 2011 Universitas Negeri Yogyakarta tidak wonten bali kangge
adicara studi banding, ingkang dipun wontenaken jurusan pendidikan basa jawi
saben tumapak wonten semester 5. Ananing mahasiswa ingkang nderek studi banding
wonten Bali inggih menika wonten 3 kelas, inggih menika : kelas A, kelas B,
kaliyan kelas G, ingkang cacahipun saking 3 kelas menika kinten-kinten wonten
125 tiyang, ananging wonten 5 mahasiswa ingkang mboten ndherek, ananging ugi
wonten mahasiswa saking angkatan 2010 cacahipun 2 ingkang ndherek amargi wonten
studi banding kapengker mboten ndherek.
Stuba piyambak inggih menika salah satunggaling adicara
ingkang ancasipun saking stuba piyambak inggih menika kangge mangertosi
kabudayaan wonten Bali, ngupadi ngilmu, saha kangge rekreasi wonten papan-papan
ingkang kawentar wonten Bali.
Saksampunipun para rombongan mahasiswa kaliyan dosen
nyebrang ngangge kapal saking pelabuhan ketapang lajeng dumugi wonten Gilimanuk
sampun ketingal awujud kabudayan ingkang kenthel lan khas ingkang dipun gadhahi
Bali, kados dene ingkang katingal wonten sakiwa tengen margi ingkang kalampahan
wonten bis inggih menika ketingal Pura, yaiku papan kangge ngibadah agama Hindu
wonten Bali, tiyang Bali piyambak inggih menika kathahipun nganut agama Hindu,
dados kathahipun kabudayan ingkang wonten Bali menika taksih ngandut corak
agama hindu.
Wonten wekdal dinten pisanan para rombongan dumugi wonten
museum Gedong Kirtya, Singaraja,Buleleng, Bali. Wonten papan menika gadhah
kathah koleksi naskah manuskrip saking godhong lontar, prasasti, manuskrip
kertas ingkang ngagem basa Bali kaliyan Romawi, kalebet ugi dokumen-dokumen saking
jaman kolonial Belanda. Museum Gedong Kirtya menika satunggaling perpustakaan
lontar wonten Indonesia kaliyan dunia ingkang gadhah ewonan koleksi naskah
godhong lontar. Salinan teks wonten godhong lontar menika ugi ngandut kaliyan
kasusatraan Bali, mitos, mantra-mantra lan sapanunggalanipun, wonten ugi wosing
lontar ingkang awujud gambar. Wonten papan menika ugi wonten mahasiswa jurusan
sastra Bali saking Universitas wonten ing Bali, piyambakipun saweg
mentransliterasi naskah ingkang wonten godhong lontar kangge njangkepi tugas
panaliten piyambakipun.
Papan saklajengipun ingkag ngandut kabudayan ingkang
kenthel inggih menika obyek wisata Bedugul ingkang wonten desa Candi Kuning,
kinten-kinten 45km saking pusating kutha kaliyan 50km sakumpami saking kutha
Denpasar. Wonten Bedugul menika gadhah Pura ingkang namanipun Pura Ulun Danu
Beratan, papanipun wonten pinggir Danau Beratan.
Pura Ulun Danu Beratan
Miturut kapercayaan tiyang wonten desa Candi Kuning, Pura
Ulun Danu Beratan menika papan kangge persemayaman Dewi Sri utawi Dewi
Kesuburan. Ananing sejarahipun wonten Babad Mengwi ingkang tersirat nyebataken
menapa I Gusti Agung Putu ingkang ngadegake kerajaan Mengwi ngadegake pura
wonten sisih Danau Beratan , sakderengipun piyambakipun ngadegake Pura Taman
Ayun . ananing wonten seratan lontar menika mboten dipunsebataken wekdal
piyambakipun ngadegake Pura Ulun Danu Beratan, ananing ingkang wonten seratan
lontar menika yaiku wekdalipun ngadegake Pura Taman Ayun ingkang upacaranipun
wekdal dinten Anggara kliwon Medangsia taun Saka Sad Bhuta Yaksa Dewa inggih
menika taun caka 1556 utawi 1634M.
Saking adedhasar ingkang sampun dipun andharaken wonten seratan lontar
Babad Mengwi menika saged dipun mangertosi bilih Pura Ulun Danu Beratan menika
dipun adegaken sakderengipun taun Saka 1556, dening I Gusti Agung Putu. Menapa ingkang sampun ingkang dipun
andaharaken menika saged dipun mangertosi bilih sejarah ingkang wonten kala
rumiyin saged dipun uri-uri malih awit wontenipun seratan wonten godhong lontar
menika, ingkang ngawujudaken reroncening sejarah kala rumiyin wonten desa Candi
Kuning, Bedugul.
Wekdal dinten kalih, rombongan mahasiswa kaliyan dosen
stuba wonten Universitas Udayana, adicara wonten papan menika yaiku mangertosi
kabudayan saking papanipun piyambak-piyambak, wonten menika para mahasiswa UNY
kaliyan mahasiswa saking Udayana sami presentasi ngandharaken kabudayanipun
piyambak-piyambak, lajeng tanya jawab supados saged mangertosi kabudayan
sanesipun. Saklajengipun presentasi inggih menika saking UNY kaliyan saking
Udayana nampilaken tari-tarian tradisionalipun piyambak-piyambak, mahasiswa
saking Udayana piyambak nampilaken Tari Kecak ingkang sampun kondang, saking
mahasiswa UNY piyambak nampilaken Tari Garapan ingkang ngandharaken “katresnan
para mudha” .
Papan wisata menika miturut kula inggih menika salah
satunggaling papan ingkang ekstrim
lan ugi ngandhut kahanan ingkang mistis menawi sampun dumugi papan menika.
Papan menika yaiku Trunyan, salah sawijining desa ingkang wonten kecamatan
Kintamani, Kabupaten Bangli, Bali. Trunyan piyambak papanipun caket kaliyan
Danau Batur. Tiyang Trunyan nggadhahi tradisi pemakaman menapa jenazah menika
dipunmakamaken wonten nginggilipun watu ingkang ageng ,ingkang kagungan
cekungan ingkang cacahipun 7, mayit menika namung dipun pageri ngangge bambu
anyam.
Salah satunggaling foto wonten trunyan
Adatipun Desa Trunyan inggih menika ngatur tata cara
menawi badhe nguburaken mayit kangge tiyangipun. Desa Trunyan menika gadhah 3
kuburan(sema) kangge 3 jinising puput yuswa ingkang benten. Menawi salah
satunggaling tiyang Trunyan seda kanthi wajar, mayitipun dipuntutupi mori
pethak, dipunupacarani, lajeng dipun papanaken mboten kanthi dipun kubur wonten
ngandhapipun wit ageng ingkang namanipun Taru Menyan, wonten salah satunggaling
papan namanipun Sema Wayah. Nanging menawi sabab sedanipun mboten wajar,
kadosta kacilakan, bunuh diri, utawi dipun pateni tiyang sanes, mayitipun
menika badhe dipun papanaken wonten papan ingkang namanipun Sema Bantas, lajeng
menawi kangge ngubur bayi kaliyan lare alit , utawi tiyang ingkang sampun
dewasa, nanging dereng nikah, menika badhe dipun papanaken wonten Sema Muda.
Menapa ingkang sampun dipun andharaken, kenging menapa
mayit ingkang dipun papanaken kanti rapi wonten Sema menika mboten ndadosaken
ambon-ambon, menawi dipun tingali kanthi ilmiah piyambak, mayit-mayit menika
mengurai ingkang dipun sebabkaken wit Taru Menyan menika, ingkang saged
medalaken ambon arum kaliyan saged menetralisir ambon ingkang dipun medalaken
mayit menika. Wontenipun wit Taru Menyan menika wonten daerah menika kemawon.
Ananging pangertosan Taru Menyan inggih menika, Taru ingkang pangertosanipun
wit, menawi Menyan, pangertosanipun inggih menika arum. Saking pangertosan
menika ndadosaken Trunyan menika asal-usulipun
nama desa menika.