Jumat, 22 November 2013

News Feature Edisi Bali











                                                                                                            Nama  : Yandhika Haribowo
                                                                                                             Nim    : 1105244033
                                                                                                             Kelas  : G
                                                                                                             Makul : Jurnalistik Jawa





                              Papan Wisata ingkang Ngandhut Kabudayan Kenthel Wonten Bali


Ahad, 6 Oktober 2013, sedaya mahasiswa jurusan pendidikan basa Jawi angkatan 2011 Universitas Negeri Yogyakarta tidak wonten bali kangge adicara studi banding, ingkang dipun wontenaken jurusan pendidikan basa jawi saben tumapak wonten semester 5. Ananing mahasiswa ingkang nderek studi banding wonten Bali inggih menika wonten 3 kelas, inggih menika : kelas A, kelas B, kaliyan kelas G, ingkang cacahipun saking 3 kelas menika kinten-kinten wonten 125 tiyang, ananging wonten 5 mahasiswa ingkang mboten ndherek, ananging ugi wonten mahasiswa saking angkatan 2010 cacahipun 2 ingkang ndherek amargi wonten studi banding kapengker mboten ndherek.
Stuba piyambak inggih menika salah satunggaling adicara ingkang ancasipun saking stuba piyambak inggih menika kangge mangertosi kabudayaan wonten Bali, ngupadi ngilmu, saha kangge rekreasi wonten papan-papan ingkang kawentar wonten Bali.
Saksampunipun para rombongan mahasiswa kaliyan dosen nyebrang ngangge kapal saking pelabuhan ketapang lajeng dumugi wonten Gilimanuk sampun ketingal awujud kabudayan ingkang kenthel lan khas ingkang dipun gadhahi Bali, kados dene ingkang katingal wonten sakiwa tengen margi ingkang kalampahan wonten bis inggih menika ketingal Pura, yaiku papan kangge ngibadah agama Hindu wonten Bali, tiyang Bali piyambak inggih menika kathahipun nganut agama Hindu, dados kathahipun kabudayan ingkang wonten Bali menika taksih ngandut corak agama hindu.


Wonten wekdal dinten pisanan para rombongan dumugi wonten museum Gedong Kirtya, Singaraja,Buleleng, Bali. Wonten papan menika gadhah kathah koleksi naskah manuskrip saking godhong lontar, prasasti, manuskrip kertas ingkang ngagem basa Bali kaliyan Romawi, kalebet ugi dokumen-dokumen saking jaman kolonial Belanda. Museum Gedong Kirtya menika satunggaling perpustakaan lontar wonten Indonesia kaliyan dunia ingkang gadhah ewonan koleksi naskah godhong lontar. Salinan teks wonten godhong lontar menika ugi ngandut kaliyan kasusatraan Bali, mitos, mantra-mantra lan sapanunggalanipun, wonten ugi wosing lontar ingkang awujud gambar. Wonten papan menika ugi wonten mahasiswa jurusan sastra Bali saking Universitas wonten ing Bali, piyambakipun saweg mentransliterasi naskah ingkang wonten godhong lontar kangge njangkepi tugas panaliten piyambakipun.

Papan saklajengipun ingkag ngandut kabudayan ingkang kenthel inggih menika obyek wisata Bedugul ingkang wonten desa Candi Kuning, kinten-kinten 45km saking pusating kutha kaliyan 50km sakumpami saking kutha Denpasar. Wonten Bedugul menika gadhah Pura ingkang namanipun Pura Ulun Danu Beratan, papanipun wonten pinggir Danau Beratan. 

 


                              Pura Ulun Danu Beratan


Miturut kapercayaan tiyang wonten desa Candi Kuning, Pura Ulun Danu Beratan menika papan kangge persemayaman Dewi Sri utawi Dewi Kesuburan. Ananing sejarahipun wonten Babad Mengwi ingkang tersirat nyebataken menapa I Gusti Agung Putu ingkang ngadegake kerajaan Mengwi ngadegake pura wonten sisih Danau Beratan , sakderengipun piyambakipun ngadegake Pura Taman Ayun . ananing wonten seratan lontar menika mboten dipunsebataken wekdal piyambakipun ngadegake Pura Ulun Danu Beratan, ananing ingkang wonten seratan lontar menika yaiku wekdalipun ngadegake Pura Taman Ayun ingkang upacaranipun wekdal dinten Anggara kliwon Medangsia taun Saka Sad Bhuta Yaksa Dewa inggih menika taun caka 1556 utawi 1634M.  Saking adedhasar ingkang sampun dipun andharaken wonten seratan lontar Babad Mengwi menika saged dipun mangertosi bilih Pura Ulun Danu Beratan menika dipun adegaken sakderengipun taun Saka 1556, dening I Gusti Agung Putu.  Menapa ingkang sampun ingkang dipun andaharaken menika saged dipun mangertosi bilih sejarah ingkang wonten kala rumiyin saged dipun uri-uri malih awit wontenipun seratan wonten godhong lontar menika, ingkang ngawujudaken reroncening sejarah kala rumiyin wonten desa Candi Kuning, Bedugul.


Wekdal dinten kalih, rombongan mahasiswa kaliyan dosen stuba wonten Universitas Udayana, adicara wonten papan menika yaiku mangertosi kabudayan saking papanipun piyambak-piyambak, wonten menika para mahasiswa UNY kaliyan mahasiswa saking Udayana sami presentasi ngandharaken kabudayanipun piyambak-piyambak, lajeng tanya jawab supados saged mangertosi kabudayan sanesipun. Saklajengipun presentasi inggih menika saking UNY kaliyan saking Udayana nampilaken tari-tarian tradisionalipun piyambak-piyambak, mahasiswa saking Udayana piyambak nampilaken Tari Kecak ingkang sampun kondang, saking mahasiswa UNY piyambak nampilaken Tari Garapan ingkang ngandharaken “katresnan para mudha” .
Papan wisata menika miturut kula inggih menika salah satunggaling papan ingkang ekstrim lan ugi ngandhut kahanan ingkang mistis menawi sampun dumugi papan menika. Papan menika yaiku Trunyan, salah sawijining desa ingkang wonten kecamatan Kintamani, Kabupaten Bangli, Bali. Trunyan piyambak papanipun caket kaliyan Danau Batur. Tiyang Trunyan nggadhahi tradisi pemakaman menapa jenazah menika dipunmakamaken wonten nginggilipun watu ingkang ageng ,ingkang kagungan cekungan ingkang cacahipun 7, mayit menika namung dipun pageri ngangge bambu anyam.


 



         Salah satunggaling foto wonten trunyan


Adatipun Desa Trunyan inggih menika ngatur tata cara menawi badhe nguburaken mayit kangge tiyangipun. Desa Trunyan menika gadhah 3 kuburan(sema) kangge 3 jinising puput yuswa ingkang benten. Menawi salah satunggaling tiyang Trunyan seda kanthi wajar, mayitipun dipuntutupi mori pethak, dipunupacarani, lajeng dipun papanaken mboten kanthi dipun kubur wonten ngandhapipun wit ageng ingkang namanipun Taru Menyan, wonten salah satunggaling papan namanipun Sema Wayah. Nanging menawi sabab sedanipun mboten wajar, kadosta kacilakan, bunuh diri, utawi dipun pateni tiyang sanes, mayitipun menika badhe dipun papanaken wonten papan ingkang namanipun Sema Bantas, lajeng menawi kangge ngubur bayi kaliyan lare alit , utawi tiyang ingkang sampun dewasa, nanging dereng nikah, menika badhe dipun papanaken wonten Sema Muda.


Menapa ingkang sampun dipun andharaken, kenging menapa mayit ingkang dipun papanaken kanti rapi wonten Sema menika mboten ndadosaken ambon-ambon, menawi dipun tingali kanthi ilmiah piyambak, mayit-mayit menika mengurai ingkang dipun sebabkaken wit Taru Menyan menika, ingkang saged medalaken ambon arum kaliyan saged menetralisir ambon ingkang dipun medalaken mayit menika. Wontenipun wit Taru Menyan menika wonten daerah menika kemawon. Ananging pangertosan Taru Menyan inggih menika, Taru ingkang pangertosanipun wit, menawi Menyan, pangertosanipun inggih menika arum. Saking pangertosan menika ndadosaken Trunyan menika  asal-usulipun nama desa menika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar