Sabtu, 01 Februari 2014

ARTIKEL TENTANG WISATA DAN BUDAYA



Akbar Virga Widya Caraka
11205244044
PBD G 2011 

Artikel tentang wisata budaya

Indonesia adalah Negara yang terkenal dengan gugusan ribuan pulaunya. Dengan beraneka ragam budayanya dan kekayaan akan tempat wisata serta kulinernya. Wisata adalah dimana kita bisa menenagkan pikiran kita jika kita jenuh dengan disuguhkan pemandangan yang apik serta bisa membuat hati menjadi lega atau menjadi tidak ada beban. Tempatnya para traveler melakukan perjalan wisata dan menikmati keindahan pariwisata yang ada di Indonesia.
Panyelenggaraan jasa pariwisata inggih menika perangan ingkang wigatos wonten ing pamungon, kagem nyiptakaken lapangan pakaryan lan kaendahan alam, sarta kagem mupuk raos tresna siro bantala tirta lan kesetunggalan bangsa Indonesia, utamanipun kagem generasi muda. Pamungon pariwisata wonten ing Indonesia nggadahi pangangkah utawi tujuan kagem sumber pangasilan devisa nagari. Perkembangan arus wisatawan asing ingkang dateng wonten ing Indonesia saking taun datheng taun ngasilaken kamajengan, sanadyan wonten ing presentase boten ageng, indikator menika nyerminaken pangejab sae wonten ing salajengipun. Kapulauan Nusantara ingkang tenga tepang kanthi wasta Untaian Zamrud ing Khatulistiwa, benget potensial kanthi panggonanipun pariwisata.
Maneka warni papan panggenan wisata ing Indonesia damel Indonesia ugi dipuntepang kanthi Negari sakyuta papan wisata. Saben taun mesti wonten wisatawan ingkang lokal lan asing ingkang dateng wonten Indonesia kagem nglampahi preinan wisata atawi berwisata nyengkuyungii objek wisata. Wonten mriki dipuntepangaken kanthi papan wisata ingkang wonting ing Yogyakarta. Yogyakarta inggih menika selain kutha pelajar ugi salah satunggaling kutha kanthi maneka warni papan pariwisata ingkang endah lan nggadahi nilai-nilai sejarah. Saengga saliyanipun berwisata ugi saget sinau sejarah ingkang sampun dipuntinggalaken dening simbah kita rumiyin. Wonten menika badhe dipuntepangaken kanthi papan wisata ingkang wonten ing Ngayogyakarta.
Maneka warni papan wisata ingkang wonten ing Yogyakarta, ingkang badhe dipunandaraken ing ngandap menika : 



Taman sari
 







Maningali mbeksa terbit saking puncak redi ngrupikaken setunggal kemewahan ingkang mboten sedaya priyantun saged tingali. Rute ingkang ekstrim, cuaca ingkang mboten manentu, margi ingkang awrat, mawi tebihipun antawis ingkang kedah dilewati kaliyan tindak ampeyan dados pamambeng utami kagem sakageman priyantun. Sayangipun menika mboten majeng wonten gunung Nglanggeran, Patuk, Gunungkidul. Namung ndhahar wanci 1 ngantos 1,5 jam pendakian, panjenengan badhe tiba teng puncak kilen gunung Nglanggeran, gunung Gede. Paningalan sae ingkang ngalemaken soca menyambut. Satebih soca ningali ingkang kemriksa hamparan mega teng kanginggilan, jajaran redi sela kaliyan bentuk ingkang unik, dhusun warga, mawi ijemipun sabin ugi tegal. Kala senja rawuh, kutha Jogja badhe kemriksa wonten samodran kunang-kunang. Tetaburan cahya bintang ugi gemerlap lampu kutha ingkang kemriksa saking ketebihan dados paningalan romantis kagem sinten kemawon ingkang berkemah wonten redi menika. Gunung Nglanggeran ngrupikaken redi grama purba ingkang nate aktif dasan yuta taun lajeng. Manggen wonten kawasan karst Baturageng, redi ingkang litologinipun masusun dening fragmen material vulkanik yuswa menika ngagungani kalih puncak inggih menika puncak kilen ugi puncak wetan, mawi setunggal kaldera dipunmadyanipun. Kala menika redi Nglanggeran menika deretan redi sela denawa kaliyan paningalan eksotik mawi bentuk ugi asma ingkang unik kaliyan ragam carios rakyat dados pandherekipun. Redi-redi kesebat biasanipun kaasman sami kaliyan bentukipun, kados redi 5 racikan, redi Kelir, ugi redi ringgit.

Menika papan panggonan wisata wonten ing kutha Yogyakarta, taksih kathah malih ingkang dereng dipunandaraken. Menika taksih salah satunggaling puluhan papan wisata ingkang wonten ing Ngayogyakarta. Pangarepipun wisatawan sedaya ingkang dereng nate wonten ing Yogyakarta kedah sami nyengkuyung dateng wonten ing Ngayogyakarta lan sami nyekseni kaendahan kutha Yogyakarta kaliyan papan wisata menika.
  






WACANA PROSEDURAL



Akbar Virga Widya Caraka
11205244044
PBD G 2011



MI ONGKLOK TETEDHAN KHAS SAKING WONOSOBO


  1. Pangertosipun Mi Ongklok
Mi ongklok ingkang eco menika dipun awali kaliyan Pak Muhadi. Rikala taksih anem Pak Muhadi nyambut damel wonten ing juragan mi ing Wonosobo. Nagntos dangu Pak Muhadi nyambut damel wonten ing juragan mi, pak Muhadi kagungan kersa damel usaha mi piyambak. Lajeng Pak Muhadi nyobi-nyobi resep enggal ingkang sami kaliyan seleranipun tiyang Wonosobo. Lajeng Pak Muhadi nyobi resep ingkang bahan utamanipun kol, tepung alus, lan sate menika. Kasebat Mi Ongklok amargi tata cara damelipun, mi lan kol dipun lebetaken wonten saringan lajeng dipun lebetaken wonten kuali benter kaliyan dipun ongklok-ongklok ngantos mateng. Ngamtos jaman sakmenika mi damelanipun Pak Muhadi menika dipun sebat Mi Ongklok.

  1. Warung-warung Mi Ongklok wonten ing Wonosobo
Pak Muhadi sak menika sampun tilar donya ananging usahanipun taksih dipun lajengaken kaliyan putra-putranipun Pak Muhadi. Saking Pak Muhadi menika kathah tiyang Wonosobo ingkang damel usaha Mi Ongklok, kadosta :

1.Mie Ongklok Pak Muhadi

Wonten ing ngajeng Wonoboga, sakderengipun pom bensin enggal, raosipun ingkang khas menopo malih dipun dhahar kaliyan sate sapi lan ngangge bumbu kacang. Kathah tiyang saking Wonosobo lan saking njawi wonosobo dhahar Mi Ingklok wonten warungipun Pak Muhadi menika..

 2.Mie Ongkok Longkrang

Wonten ing ler alun-alun Wonosobo utawi arah dieng. Mi Ongklok wonten Longkrang menika inggih kathah dipun remeni kaliyan tiyang Wonosobo.
Menopo malih dipun dhahar kaliyan tempe kemul, bumbunipun dados eco sanget. Mi Ongklok Longkrang menika ugi sekedik murah.
 
3.Mie Ongkok Bu Umi

Wonten ing Kauman Ler, sakderengipun Mesjid Kauman. Penggenanipun resik, lan reginipun mboten awis. Ugi raosipun eco.

4.Mie Ongkok Gerobakan

Mi Ongklok menika dipun sade ngangge gerobak lan mboten “mangkal”. Wonten Wonosobo ugi kathah tiyang ingkang sadean mi Ongklok ngangge gerobak. Raosipun mboten kalah kaliyan mi Ongklok sanesipun lan reginipun mboten awis. 

 CARANIPUN DAMEL MI ONGKLOK 


Bahanipun :

750 ml kaldu daging
3 sendok dhahar tepung kanji
3 sendok dhahar kecap manis
300 gram mi basah
100 gram kol, iris kasar
10 pohon kucai, iris alus
2 sendok dhahar minyak kangge numis
Bumbu alus :
2 siung bawang putih
1/4 sendok teh mrica
1/2 sendok teh garam

Tata caranipun damel :
Bumbu ingkang sampun alus dipuntumis ngantos wangi. Kaldu dipun lebetaken ngantos kentel ngangge toya sagu. Ngantos umub, lajeng dipun angkat.
Mi lan kol dipun lebetaken wonten ing saringan lajeng dipun godhog kaliyan dipun ongklok ngantos mateng.
Mi lan kol dipun lebetaken ing mangkok lajeng dipun siram ngangge kuah, dipun paringi kucai. Mi ongklok sampun saged dipun dhahar..
Kangge 6 mangkok.


Mi ongklok menika sae menawi dipun tambhi tempe kemul