Akbar Virga Widya Caraka
11205244044
G/2011
News feature
DIENG CULTURE FESTIVAL
Dieng kalian sedaya budaya wonten ing Wonosobo
Special Trip Dieng 2013 – Menawi wonten ing Brazil
wonting goyang Samba di Rio de Jeniaro, wonten ing Dataran Inggil Dieng
nggadahi Festival Budaya (Dieng Culture Festival) ingkang mboten kalah
sae kalian wonten ing Brazil. Dieng mboten namung terkenal dening
kaendahan wisata alam kemawon, ananging nggadahi kaunikan badaya ingkang
dados daya tarik piyambak. 3 tahun kapungkur (DCF) Dieng Culture
Festival dados magnet wisata wonten ing Jawa Tengah. Dieng Culture
Festival (DCF) inggih menika adicara pesta rakyat paling ageng wonting
ing Pegunungan Dieng ingjkang dipunanakaken utawi dipunlaksanakaken
namung setaun sepindah. Nampilaken ruwatan cukur rambut gembel ingkang
sampun dados legenda, atraksi seni budaya, wayang kulit, lan mameraken
hasil khas kerajinan masyarakat pegunungan Dieng.
Sedaya ugi kagum kalian satunggal pertunjukan menika.
Ingkang ndadosaken kagum penonton inggih menika tarian rampak yaksa.
Penari- penari rampak yakso bak prajurit perkasa saking kahyangan Dieng,
ngagem klambi abang ingkang urip gagah wantun. Maringi ritme wonten
saben gerakipun, alunan musik pengiring ingkang nyatu kalian alam.
Menika salah satunggaling atraksi ingkang mboten pareng dipuntinggal
utawi dipunlewataken mekaten kemawon wonten ing pertunjukan seni budaya
(Dieng Culture Festival).
Dieng Culture Festival (DCF) inggih menika salah
satunggaling moment ingkang dipun tengga-tengga, pertunjukan budaya
ingkan mboten sae mebawi dipunkewatken wontren ing pegunungan Dieng.
Salah satunggaling event paling spektakuler, lan satunggaling peristiwa
ingkang paling langka. Madukaken kaendahaning alam kalian kaunikan
budaya wonten ing pegunungan Dieng ingkang ndadosaken Dieng kangge
tujuan wisata paling bergengsi wonten ing tahun 2013.
Tahun 2013 mbekta angin seger kagem dunia pariwisata
Dieng, Jawa Tengah seklianipun dados daerah destinasi visit Jawa Tengah
2013. Dieng Culture Festival ingkang badhe diselenggarakaken tahun
menika badhe tansaya meriah menawi ngagem agenda kalian adicara-adicara
ingkang ndamel ati raos eca lan nggadahi kapuasan piyambak. Menawi
taksih dados dumeling ati monggo sami dating wonten Dieng Culture
Festival. Temokaken kaendahan lan nikmati sajian budaya wonten ing Dieng
Culture Festival IV tahun 2013.
Salah satunggaling ritual ingkang dipun tengga kalian
warga lan wisatawan wonten ing Festival Budaya (Dieng Culture Festival)
inggih menika ritual cukur rambut gembel, wonten ing pucuk adicara lare
dipun tumpakaken kereta, diiringi kalian manggolo yudho lan diiringi
maneka warni kesenian saking dataran tinggi Dieng, lajrng lare-lare
ingkang rambutipun gimbal dijamasi lan dicukur rambutipun. Saklajengipun
rambut dilarung wonten kali utawi wonten telaga ingkang toyanipun
ngalir manuju wonten ing selatan kagem wujud pangembalen rambut.
Sakliyanipun ruwatan cukur rambut gembel, wonten Dieng
Culture Festival ugi nggadahi paketan wisata Dieng Culture Festival .
wonten ing Dataran Tinggi Dieng ugi saged menikmati kuliner, wisata
alam, kalian menikmati seni lan budaya. Ingkang dipun wiwiti wonten ing
Bukit Sikunir, inggih menika wonten bukit sikunir panjenengan sedaya
saged ningali endahing bumi Nusantara kita saking bukit sikunir menika
amargi bukit sikunir nggadahi golden sunrise. Saklajengipun saged
ningali kaendahan Telaga Warna, Telaga Pengilon, candi-candi kuno lan
kawah Sikidang. Saklajengipun wisatawan saged ningali festival paling
ageng wonten ing Dieng (Dieng Culture Festival). Kita ugi badhe nyicipi
kuliner khas Wonosobo inggih menika Mi Ongklok, carica kalian kopi
purwaceng. Semanten ugi saking Dieng culture Festival kalian kaendahan
wisata alam ing pegunungan Dieng, Kecamatan Kejajar, Kabupaten Wonosobo.
Wonosobo ugi nggadahi destinasi pariwisata ingikang
lumayan sae lan maneka warni. Wonten ing Wonosobo ugi tahun 2013 sampun
miwiti adicara Wonosobo Night Costume carnival. Maneka warni
pakeaningkan diagem pragawan kalian pragawati muter wonten kota
Wonosobo. Wonosobo Night Costume Carnival ugi badhe dipun rencanakaken
kalian Bupati Wonosobo, Bapak Kholiq Arif menawi adicara Wonosobo Night
Costume Carnival badhe dipun anakaken setaun sepindah. Menika
dipunanakaken setaun sepindah supados saged narik wisatawan supados
Wonosobo saged dikenal kalian kalangan sanes.