Kamis, 23 Januari 2014

STRAIGH NEWS

straigh news 

Akbar Virga Widya Caraka
(11205244044)
G 2011
Straight news

MASYARAKAT DIENG KALIAN ADAT NYUKUR RAMBUT GEMBEL


            Wonten ing Kabupaten Wonosobo nggadahi maneka warni budaya ingkang saged ndadosaken magnet kagem wisatawan ugi turis mancanegara. Salah satunggalipun inggih menika adat masyarakat Dieng nyukur rambut gembel. Dieng inggih menika desa wonten Kecamatan Kejajar, Kabupaten Wonosobo.
            Sejarah wonten ing Dieng inggih menika menawi lare bayi nalikane umur 3 ngantos 4tahun rambutipun gembel utawi ngruwel ananging dados kadosta rambut wonten lem ingkang ngraket dados satunggal mekaten, menawi warga Dieng menika nggadahi keyakinan menika keturunanipun Kyai Kolodete. Kyai Kolodete menika sesepuh wonten ing Dieng ingkan dados tiyang ingkang penting wonten ing Dieng kala rumiyin. (wonosobo press ‘13)
            Nyukur rambut gembel wonten ing Dieng biasane dipun laksanakaken setaun sepindah. Menika lare ingkang badhe dicukur di arak muter wonten ing dalan ageng kalian warga Dieng kalian manggul sesajen ingkang sampun dados syarat utawi sampun dados adatipun wonten ing Dieng. Menika dilaksanakaken satunggal dinten mepet. Menawi lare ingkang dipun cukur rambute sampun diarak lan warga utawi wisatan sampun ningali, lajeng dipunlajengaken maos mantra ingkan dipimpin kalian tiyang ingkang sampun dipercaya kalian warga Dieng. Wonten ing adicara ruwatan rambut gembel utawi nyukur rambut gembel menika inggih menika ngagem adicara kejawen.
            Samangkih saksampun diruwat, rambut lare ingkang sampun ducukur dipun bekta lajeng wonten ing telaga utawi kali ageng lajeng dikelekaken. Menika nggadahi makna supados rambut menika kondur wonten alam.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar