Sabtu, 01 Februari 2014

WACANA PROSEDURAL



Akbar Virga Widya Caraka
11205244044
PBD G 2011



MI ONGKLOK TETEDHAN KHAS SAKING WONOSOBO


  1. Pangertosipun Mi Ongklok
Mi ongklok ingkang eco menika dipun awali kaliyan Pak Muhadi. Rikala taksih anem Pak Muhadi nyambut damel wonten ing juragan mi ing Wonosobo. Nagntos dangu Pak Muhadi nyambut damel wonten ing juragan mi, pak Muhadi kagungan kersa damel usaha mi piyambak. Lajeng Pak Muhadi nyobi-nyobi resep enggal ingkang sami kaliyan seleranipun tiyang Wonosobo. Lajeng Pak Muhadi nyobi resep ingkang bahan utamanipun kol, tepung alus, lan sate menika. Kasebat Mi Ongklok amargi tata cara damelipun, mi lan kol dipun lebetaken wonten saringan lajeng dipun lebetaken wonten kuali benter kaliyan dipun ongklok-ongklok ngantos mateng. Ngamtos jaman sakmenika mi damelanipun Pak Muhadi menika dipun sebat Mi Ongklok.

  1. Warung-warung Mi Ongklok wonten ing Wonosobo
Pak Muhadi sak menika sampun tilar donya ananging usahanipun taksih dipun lajengaken kaliyan putra-putranipun Pak Muhadi. Saking Pak Muhadi menika kathah tiyang Wonosobo ingkang damel usaha Mi Ongklok, kadosta :

1.Mie Ongklok Pak Muhadi

Wonten ing ngajeng Wonoboga, sakderengipun pom bensin enggal, raosipun ingkang khas menopo malih dipun dhahar kaliyan sate sapi lan ngangge bumbu kacang. Kathah tiyang saking Wonosobo lan saking njawi wonosobo dhahar Mi Ingklok wonten warungipun Pak Muhadi menika..

 2.Mie Ongkok Longkrang

Wonten ing ler alun-alun Wonosobo utawi arah dieng. Mi Ongklok wonten Longkrang menika inggih kathah dipun remeni kaliyan tiyang Wonosobo.
Menopo malih dipun dhahar kaliyan tempe kemul, bumbunipun dados eco sanget. Mi Ongklok Longkrang menika ugi sekedik murah.
 
3.Mie Ongkok Bu Umi

Wonten ing Kauman Ler, sakderengipun Mesjid Kauman. Penggenanipun resik, lan reginipun mboten awis. Ugi raosipun eco.

4.Mie Ongkok Gerobakan

Mi Ongklok menika dipun sade ngangge gerobak lan mboten “mangkal”. Wonten Wonosobo ugi kathah tiyang ingkang sadean mi Ongklok ngangge gerobak. Raosipun mboten kalah kaliyan mi Ongklok sanesipun lan reginipun mboten awis. 

 CARANIPUN DAMEL MI ONGKLOK 


Bahanipun :

750 ml kaldu daging
3 sendok dhahar tepung kanji
3 sendok dhahar kecap manis
300 gram mi basah
100 gram kol, iris kasar
10 pohon kucai, iris alus
2 sendok dhahar minyak kangge numis
Bumbu alus :
2 siung bawang putih
1/4 sendok teh mrica
1/2 sendok teh garam

Tata caranipun damel :
Bumbu ingkang sampun alus dipuntumis ngantos wangi. Kaldu dipun lebetaken ngantos kentel ngangge toya sagu. Ngantos umub, lajeng dipun angkat.
Mi lan kol dipun lebetaken wonten ing saringan lajeng dipun godhog kaliyan dipun ongklok ngantos mateng.
Mi lan kol dipun lebetaken ing mangkok lajeng dipun siram ngangge kuah, dipun paringi kucai. Mi ongklok sampun saged dipun dhahar..
Kangge 6 mangkok.


Mi ongklok menika sae menawi dipun tambhi tempe kemul














Tidak ada komentar:

Posting Komentar