Kamis, 23 Januari 2014

NEWS FEATURE

Akbar Virga Widya Caraka
11205244044
G/2011
News feature


DIENG CULTURE FESTIVAL
Dieng kalian sedaya budaya wonten ing Wonosobo


                       
            Special Trip Dieng 2013 – Menawi wonten ing Brazil wonting goyang Samba di Rio de Jeniaro, wonten ing Dataran Inggil Dieng nggadahi Festival Budaya (Dieng Culture Festival) ingkang mboten kalah sae kalian wonten ing Brazil. Dieng mboten namung terkenal dening kaendahan wisata alam kemawon, ananging nggadahi kaunikan badaya ingkang dados daya tarik piyambak. 3 tahun kapungkur (DCF) Dieng Culture Festival dados magnet wisata wonten ing Jawa Tengah. Dieng Culture Festival (DCF) inggih menika adicara pesta rakyat paling ageng wonting ing Pegunungan Dieng ingjkang dipunanakaken utawi dipunlaksanakaken namung setaun sepindah. Nampilaken ruwatan cukur rambut gembel ingkang sampun dados legenda, atraksi seni budaya, wayang kulit, lan mameraken hasil khas kerajinan masyarakat pegunungan Dieng.
            Sedaya ugi kagum kalian satunggal pertunjukan menika. Ingkang ndadosaken kagum penonton inggih  menika tarian rampak yaksa. Penari- penari rampak yakso bak prajurit perkasa saking kahyangan Dieng, ngagem klambi abang ingkang urip gagah wantun. Maringi ritme wonten saben gerakipun, alunan musik pengiring ingkang nyatu kalian alam. Menika salah satunggaling atraksi ingkang mboten pareng dipuntinggal utawi dipunlewataken mekaten kemawon wonten ing pertunjukan seni budaya (Dieng Culture Festival).
            Dieng Culture Festival (DCF) inggih menika salah satunggaling moment ingkang dipun tengga-tengga, pertunjukan budaya ingkan mboten sae mebawi dipunkewatken wontren ing pegunungan Dieng.  Salah satunggaling event paling spektakuler, lan satunggaling peristiwa ingkang paling langka. Madukaken kaendahaning alam kalian kaunikan budaya wonten ing pegunungan Dieng ingkang ndadosaken Dieng kangge tujuan wisata paling bergengsi wonten ing tahun 2013.
            Tahun 2013 mbekta angin seger kagem dunia pariwisata Dieng, Jawa Tengah seklianipun dados daerah destinasi visit Jawa Tengah 2013. Dieng Culture Festival ingkang badhe diselenggarakaken tahun menika badhe tansaya meriah menawi ngagem agenda kalian adicara-adicara ingkang ndamel ati raos eca lan nggadahi kapuasan piyambak. Menawi taksih dados dumeling ati monggo sami dating wonten Dieng Culture Festival. Temokaken kaendahan lan nikmati sajian budaya wonten ing Dieng Culture Festival IV tahun 2013.
            Salah satunggaling ritual ingkang dipun tengga kalian warga lan wisatawan wonten ing Festival Budaya (Dieng Culture Festival) inggih menika ritual cukur rambut gembel, wonten ing pucuk adicara lare dipun tumpakaken kereta, diiringi kalian manggolo yudho lan diiringi maneka warni kesenian saking dataran tinggi Dieng, lajrng lare-lare ingkang rambutipun gimbal dijamasi lan dicukur rambutipun. Saklajengipun rambut dilarung wonten kali utawi wonten telaga ingkang toyanipun ngalir manuju wonten ing selatan kagem wujud pangembalen rambut.
            Sakliyanipun ruwatan cukur rambut gembel, wonten Dieng Culture Festival ugi nggadahi paketan wisata Dieng Culture Festival . wonten ing Dataran Tinggi Dieng ugi saged menikmati kuliner, wisata alam, kalian menikmati seni lan budaya. Ingkang dipun wiwiti wonten ing Bukit Sikunir, inggih menika wonten bukit sikunir panjenengan sedaya saged ningali endahing bumi Nusantara kita saking bukit sikunir menika amargi bukit sikunir nggadahi golden sunrise. Saklajengipun saged ningali kaendahan Telaga Warna, Telaga Pengilon, candi-candi kuno lan kawah Sikidang. Saklajengipun wisatawan saged ningali festival paling ageng wonten ing Dieng (Dieng Culture Festival). Kita ugi badhe nyicipi kuliner khas Wonosobo inggih menika Mi Ongklok, carica kalian kopi purwaceng. Semanten ugi saking Dieng culture Festival kalian kaendahan wisata alam ing pegunungan Dieng, Kecamatan Kejajar, Kabupaten Wonosobo.
            Wonosobo ugi nggadahi destinasi pariwisata ingikang lumayan sae lan maneka warni. Wonten ing Wonosobo ugi tahun 2013 sampun miwiti adicara Wonosobo Night Costume carnival. Maneka warni pakeaningkan diagem pragawan kalian pragawati muter wonten kota Wonosobo. Wonosobo Night Costume Carnival ugi badhe dipun rencanakaken kalian Bupati Wonosobo, Bapak Kholiq Arif menawi adicara Wonosobo Night Costume Carnival badhe dipun anakaken setaun sepindah. Menika dipunanakaken setaun sepindah supados saged narik wisatawan supados Wonosobo saged dikenal kalian kalangan sanes.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar